Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume kanggo
pasren utawa rerenggan plataran utawa tanaman hias. Durung akeh kang
migunakake kanthi optimal kanggo kesehatan. Paling-paling mung dianggo
kramas.Bab iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing kene
penulis bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.
Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern bali
marang alam,antara liya kanthi migunakakae tanaman minangka obat klebu
ing kene lidah buaya utawa basa Latine Aloe Vera.Ing negara maju kayata
Amerika , Australia, lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya
dipigunakake kanggo bahan baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing
Indonesia uga wis akeh kang padha mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah
penghasil lidah buaya kang paling jembar yaiku Kalinantan Barat
(Pontianak ),saengga kawentar minagka kutha Lidah Buaya.
Adhedasar panaliten, godhong lidah buaya bisa
dipigunakake minangka anti i inflamasi utawa peradangan, anti jamur,
anti bakteri, lan regenerasi sel . Kejaba iku lidah buaya uga duweni
khasiat ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang diabetes. ,
ngontrol tekanan getih, ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan
lelara kanker, sarta dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap
panandhang HIV. Lidah buaya uga mbiyantu nyegah encok utawa rematik lan
ngurangi peradangan panggonan persendian lan sing wis kita sumurupi
lidah buaya nyegah rontoking rambut lan nambani tatu. Menawa ing ndalem
ana tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen golek obat tatu. Kanggo
nambani ambeien utawa wasir lan radang tenggorokan uga bisa.
.Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan
dadi kayata kapsul, jus pasta utawa makanan lan minuman kesehatan.
Kembang lan akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati lelara. Yaiku tatu
memar lan muntah getih.Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba
sembelit utawa angel bebuwang. Gel lidah buaya uga nduweni kasiat
ngatasi gangguan pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake
kinerja lambung,gangguan panggonan usus liyane.
Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku
cairan bening kaya jeli.kanthi mbelah batang lidah buaya. Khasiat
utamane yaiku anti inflamasi,anti bakteri,anti jamur, lan mbiyantu
regenerasi sel. Cairan kuning ing perangan njabakulit lidah buaya
biasane dipigunakake kanggo obat pencahar komersiallan ngandhut zat kang
jenenge aloin. Zat gizi lan zat liyane kang kinandhut sajrone lidah
buaya pancen cukup akeh,saengga maedahi tumrap kasarasan.
Carane ngramu
Kanggo ngatasi wasir mundhuta godhong lidah
buaya separo,1/2 cangkir banyu mateng lan 2 sendok madu. Eri lidah buaya
dibuwang. Godhong kang wis ora ana erine kasebut dikumbah resik lan
diparut. Sawise iku disoki banyu mateng kasebut lan madu, dicampur lan
diudak rata ,banjur disaring. Olehe ngombe ramuan iki sedina kaping
telu.
Kanggo nambani watuk rejan mundhuta 20 gram
lidah buaya lan 40 cc madu. Sawise dikumbah resik lan diilangi
erine,gel lodah buaya dicampur karo madu. Olehe ngombe sedina kaping
pindho ,esuk lan sore.sawise mangan
Kanggo ngudunake kolestrol bahane 30 gram
lidah buaya dan 3 iji who mengkudu utawa pace kang wisa mateng. Carane
gawe : lidah buaya dionceki lan dijus bebarengan karo pace ,banjur
diwenehi banyu sakcukupe lan digodhog nganggo banyu sakcukupe nganti
umob. Sawise iku diombe rikala anget sedina kaping pindho,esuk lan
sore..
Tamba diabetes Mundhuta lidah buaya sapelepah
lan banyu 3 gelas. Nulli dikumbah resik.Dibuwang erinine,banjur
diris-iris lan digodgog nganggo banyu 3 gelas,banjur didadekake 1½
gelas. Olehe ngombe sedina ping telu a ½ gelas.
Tamba eksim: Bahan : 5 gram lidah buaya ,100
gram temulawak’ 20 gram godhong pegagan, 5 gram laos.14 gram kencur. 10
gram godhong sembung legi, 10 gram godhong meniran’ 10 gram godhong
kates.24 gram widoro upas, 20 gram kayu manis lan 20 gram sangkobak.
Kabeh bahan didheplok alus lan ditambah banyu 400 ml,banjur disaring.
Asil saringan kasebut banjur diombe langsung ping pindho sedina ,esuk
lan sore
Tamba asma : 300 gram lidah buaya dikumbah resik,diparut,diperes banjur disaring. Asil saringane diombe sedina kaping pindho ,esuk lan sore. Kanggo tamb watuk bocah migunakake gel lidah buaya (dikumbah dhisik ),diombe esul lan sore,saben sakombenan 1 sendok teh
Warna-warna penyajian
Saliyane ngunjuk utawa dhahar kanthi cara kang wis
disebut ing dhuwur, yaiku migunakake langsung bahan seger ,wektu iki uga
akeh kang mroduksi kanthi cara liya supaya awet tanpa ngurangi kasiate.
Wektu iki uga ana sing mbudidaya digawe cendhol dhawet. Menawa
panjenengan kerep mriksani pameran utawa bursa tanaman obat ing
Ngayogyakarta mesthi mergoki ana kios dhawet lidah buaya. Ana weteng
rasane kepenak banget,bisa ngurangi rasa sebah panggonan weteng..
Kepriye carane gawe ? Gampang kok. Mundhuta 1 kg lidah buaya,dikumbah
resik,banjur dipundhut bageyan njero kang ngandhut lender. Sawise iku
potongan lidah buaya kasebut diwenehi uyah nuli diaduk-aduk saengga
ilang lendire. Sawise iku banjur dikumbah nganggo banyu resik nganti
ambal kaping pindho utawa ping telu nganti resik. Irisan kang wis resik
mau banjur digodhog nganggo banyu lan godhong pandhan nganti mateng
utawa umob. Kangge gawe sirup migunakake gula jawa dilaurutake ung
banyu 250 cc banyu lan digodhog nganti umob,semono uga santene digawe
pisah..
.Olehe nyawisake ,potongan lidah buaya dicemplungake ing gelas lan ditambahake sirup gula jawa lan santen.
Cara liyane yaiku digawe selai . Bahan :
Daging lidah buaya. ; 500 gram gula pasir kanggo 1 kg. Daging lidah
buaya,; asam askorbat o,1 % utawa 1 gram per liter banyu; natrium
benzoate o,5 % utawa 5 gram per kg daging lidah buaya. ‘ 3 gram
ager-ager bubuk utawa ½ bungkus. Carane nggawe : Lidah buaya kang wis
resik banjur dikum sajrone larutan asam askorbat sajrone 15 menit,
banjur ditirisake lan diremuk nganggo blender. Lidah buaya kang wis
remuk iki banjur dipanasi kanthi nambahake gula pasir,asam sitrat lan
ager-ager. Olehe manasake nganti umob kanthi diaduk-aduk ,sawise iku
diwenehi bahan pengawet benzoate. Sawise dadi gel,olehe manasi
diendhegake lan busa kang ana dhuwur dibuang. Selai wis dadi lan siap
dikemas nganggo botol.
Ana maneh kang diolah kanthi srana digawe teh Carane
nggawe : Kulit godhong lidah buaya dikumbah resik lan
ditirisake,dipotong cilik-cilik utawa dirajang kaya godhong tehbanjur
dipepe sing panas utawa dioven. Sawise dikeringake ,teh lidah buaya
siap dikonsumsi kaya dene teh tubruk utawa teh biasa. Uga bisa digawe
bubuk,banjur dikemas sajrone kanthong kertas kayadene teh celup.
: Dodol : Bahan : 1 kg daging daun lidah
buaya; 700 gram tepung ketan’ 400 gram tepung beras;2 kg gula pasir’ 2
liter santen; 0,1 % asam askorbat ( 1 gram kanggo 1 liter banyu utawa
0,1 gram kanggo 100 ml banyu ); pewarna ijo prayoga sing alami nganggo
godhong suji ); ager-ager sakcukupe. Carane nggawe : santen lan gula
dimasak nganti kenthel. Tepung ketan lan beras dicampurake ing larutan
gula. Lidah buaya dicemplungake, banjur diudak nganti ora lengket ing
wajan. Sawise iku diwenehi ager-ager lan pewarna lan dodol siap dikemas.
Dodol lidah buaya iki mujudake panganan khas Pontianak.
Kanggo omben-omben bisa digawe sirup lidah buaya lan serbat. Bahan kang diperlokake kanggo nggawe sari lidah buaya
yaiku : godhong lidah buaya kang dijupuk daginge. Pilih sing during
tuwa kanthi cirri : werna ijo, bintik-bintik putih, perangan pinggir
erine empuk lan pucet. Daging lidah buaya dicampur nganggo banyu kanthi
perbandingan : daging lidah buaya : banyu 1 : 4, saumpama daging lidah
buaya 100 gram banyune 400 ml. Sabanjure daging lidah buaya lan banyu
diblender nganti remuk Sabanjure disaring nganggo kain saringan utawa
saringan plastic Lebokna ing cairan lidah buaya kasebut gula 10 – 15
%,asam sitrat 0,1 -0,2 %,uyah 0,025-0,1%,esen lan pewarna sakcukupe.
Sabanjure dimasak sajrone suhu 85-90 derajat Celcius nganti 20-25 menit.
Sajrone kahanan panas ,dilebokake ing botol-botol kang wis disterilake
(digodhog sajrone banyu nganti 1-2 jam ) kanthi nyisakake ruangan 1,5
–2,5 cm saka ndhuwur tutrup botol. Botol-botol kang wis isi kasebut 10 –
15 menit, banjur ditutup rapet lan kareben adhem ing suhu
ruangan..Panggonan botol diwenehi etiket lan minuman sari lidah buaya
bisa dipasarake Dene serbat lidah buaya, carane nggawe :
mundhuta 10 iji godhong lidah buaya,banyu 500 cc, 1 sendok makan kapur
sirih kang dilarutake ing banyu 1.500.cc,150 gram gula pasir, 4 iji
cengkeh, 3-5 cm kayu manis. Lidah buaya dionceki lan dijupuk bageyan
kang bening,banjur diiris cilik-cilik wujud dadu utawa kubus. Sawise iku
potongan lidah buaya dicemplungake ing larutan kapur sirih sajrone 30
menit. Sawise 39 menit ditirisake lan disiram nganggo banyu umob
sakcukupe,nuli dikumbah nganti resik. Kanggo nggawe sirupe ,migunakake
banyu,gula,kayu manis lan cengkeh kang digodhong nganti umob. Sawise
umob potongan lidah buaya dicemplunge ing godhogan sirup kasebut lan
banjur diangkat lan siap diombe sawise adhem. Uga bisa ditambahake es
batu utawa es serut.
Peluang bisnis
Peluang bisnis lidah buaya wektu iki cukup
gedhe.Apa maneh ing Indoensia wis akeh kang mroduksi obat,kosmetikalan
minuman kesehatan nganggo bahan lidah buaya. Ing tataran donya bisnis
lidah buaya nilai penjualan lidah buaya 60 milyar dollar/tahun.. Emane
ing Indonesia budidaya lidah buaya during intensif kejaba ing
Kalimantan barat. Kita asring mrangguli isih akeh lemah kang nganggur
during bisa dipigunakake. Mula para petani uga perlu uga mikirake budi
daya tanaman lidah buaya. Ikii. Wondene teknogi tepat guna uga wis ana
kaya kang dhak aturtake ing dhuwur. Ing kalangan kelompok tani wanita
uga perlu nggarap tanaman iki. Nyatane ing tanah Jawa uga bisa thukul
gedhe-gedhe. Mesthine migunakake bibit unggul saka Kalimantan barat Apa
maneh lidah buaya uga tahan ing tanah kang kering. , Ing daerah
perkotaan bisa migunakae pot kang gedhe. Coba,menawa saben omah padha
nandur lidah buaya limang pot, menawa sak RT 40 omah ,bisa ngasilake
200 pot lidah buaya. Ibu- ibu PKK bisa ngolah arupa cendhol,teh,sirup
lidah buaya,dodol lsp. ,saengga nambah nilai ekonomis tanduran iki. .
Dinas Pertanian Kabupaten utawa Kota perlu nyurung wargane budidaya
lidah buaya iki. Apa maneh tanaman lidah buaya gampang lan relative ora
mbutuhake investasi kang dhuwur. Bab iki disebabake tanduran iki
mujudake tanaman tahunan kang bisa dipanen bola bali kanthi masa
produksi 7-8 tahun. Mangga dicoba!******(Saka warna-warna sumber : Lukyastirin D )
0 komentar:
Posting Komentar